Berikut Jadwal Wayang Orang Sriwedari Surakarta pada bulan Februari 2016.
Dening: Adi Deswijaya
Tata tentrem karta raharjanipun nagari punika gumantung saking pangarsa ingkang nglampahaken tataning praja. Sae utawi botenipun anggenipun ngereh praja katitik saking ambeging para pangarsa piyambak.
Ing jaman samangke kathah para pangarsa ingkang sami nindakaken dur angkara, numpuk bandha donya kangge kaperluwanipun piyambak kanthi cara nyalingkuhaken arta, tumindak ngiwa, ngumbar barang solah pangandikanipun, lan sapiturutipun.
Adhedhasar kawontenan-kawontenan ingkang kados kalawau, pramila boten kalentu saha wonten munpangatipun manawi para pangarsa utawi badhening pangarsa ingkang badhe dados panguwaosipun praja saged nulad saking ambeging para nata Jawi duk ing kina.
Wonten ing salebetipun budaya Jawi, kathah piwulang-piwulang saking para pujangga ingkang saged kadadosaken tetuladan babagan ambeging nata duk ing kina, kadosta wonten salebeting naskah-naskah Jawi.
Salah satunggalipun tuladha, saged kapendhet saking ambeging nata Pengging ingkang asesilih Prabu Aji Pamasa utawi Prabu Kusumawicitra. Serat Witaradya anggitanipun Raden Ngabehi Ranggawarsita, wonten salebetipun Pupuh Dhandhanggula, pada 7 dumugi 9 ngandharaken bilih nata Sri Aji Pamasa ingkang nyepeng pusaranipun praja Pengging duk ing kina anggadhahi ambeg ingkang dados kotamanipun, inggih punika berbudi bawalaksana dana wesiyasate.
“Berbudi” anggadhahi teges legawa manahipun ing tundhonipun saged nglelipur para kawulanipun. “Bawa laksana” anggadhahi teges netepi sedaya solah pangandikanipun (saged nyepeng jangjinipun) utawi wonten ungel-ungelan sabda pandhita ratu tan kena wola-wali.
“Dana wesiyasate” anggadhahi teges bilih sok sintena kemawon ingkang taberi ing padamelan, badhe pikantuk kanugrahan ingkang kathah lan sok sintena kemawon ingkang nindakaken kalepatan badhe kaparingan pokuman ingkang adil tanpa rangu-rangu utawi pilih asih.
Piwulang tumrap para pangarsa ugi saged kapendhet saking Serat Rama yasanipun Raden Ngabehi Yasadipura I, ingkang ngandharaken piwulangipun Ramawijaya dhumateng Prabu Wibisana magepokan sok sintena kemawon ingkang mengku praja utawi ingkang badhe dados pangarsa, sampun ngantos nilar wolung ambeging nata utawi ingkang katelah asthabrata. Asthabrata ingkang kapendhet saking ambeging para dewa, antawisipun kedah anggadhahi: (1) ambeging Dewa Endra utawi ambeging ima, (2) ambeging Dewa Surya utawi ambeging srengenge, (3) ambeging Dewa Bayu utawi ambeging maruta, (4) ambeging Dewa Kuwera utawi ambeging bumi, (5) ambeging Dewa Baruna utawi ambeging samudra utawi tirta, (6) ambeging Dewa Yamadipati utawi ambeging lintang, (7) ambeging Dewa Candra utawi ambeging rembulan, saha (8) ambeging Dewa Brama utawi ambeging agni.
Ambeging ima, adile tanpa pilah-pilih dhateng sok sintena tiyang. Dananipun manawi angleresi jawah deres maratani agung alit, aweh segeripun tanem tuwuh. Ambeging surya, ing pangarah lereh lirih, ing karsa tan daya-daya, sedaya ingkang dipun sedya, sinangkan ingkang sakedhik mbaka sakedhik, satemah bangkit nyakup.
Ambeging maruta, solah tingkahipun kanthi titi, ngati-ati, ngarah-arah, tansah alelaku, tanpa pamrih, menawi tinulak boten serik. Ambeging bumi, tansah adedana maweh sukaning dumadi.Wujudipun dana inggih punika sadaya ingkang tuwuh wonten angganipun, remen sanget manawi dipun pendhet dening tiyang ingkang panci merlokaken.
Ambeging tirta, tansah paring suka para janma, boten dadosaken sakiting manah tiyang. Dipun cawuk wongsal-wangsul boten katingal toyanipun kalong, sakala paripurna kados boten dipun pendhet. Aweh suka kanthi boten ngangge raos manah gojag-gajeg.
Pawehipun boten dipun pikir, masaborong ingkang mendhet. Ngegungaken apura, adil paramarta ing dasih, memayu saisinipun donya saha karyenak tyasing sasama. Ambeging lintang, kukuh ing budi, boten nilar dhateng ubaya, boten remen nglampahi tumindak ngiwa, pitados dhateng manah, boten ngangge ujar lelamisan.
Ambeging rembulan, sumeh ing netya mranani, maweh sengsem ingkang ningali, jatmika alusing budi. Ambeging brama, numpes reregedipun donya utawi ambrastha sedaya kamurkan ing donya, nyirnakaken memala druhaka ing jagad, amadhangi kapetengan.
Kalih tuladha serat ing nginggil, mugi sageda dados kaca brenggala tumrapipun para pangarsa ingkang saweg nyepeng pusaranipun praja utawi ugi tumrapipun para badhening pangarsa, satemah saged nuwuhaken nagari ingkang gemah ripah loh jinawi tata tentrem karta raharja memayu hayuning rat.
(Kawedalaken dening SOLOPOS, Rubrik Jagad Jawa, Kemis Wage, 3 Besar 1948 Jawi utawi Kemis Wage, 17 September 2015 Masehi).
Dening: Adi Deswijaya
Donyane wis tuwa. Ukara punika asring kocap dening saperangan tiyang Jawi nalika mrangguli kawontenan lindhu utawi pareden ingkang sami gumeter.
Lindhu saha jumeblosing wukir nembe kasandhang dening nagari Indonesia ing wekdal-wekdal punika. Nagari Indonesia kalebet nagari kapuloan ingkang kathah paredenipun, mliginipun ing tlatah pulo Jawi.
Kawruh babagan nama saha papanipun pareden-pareden ing tlatah pulo Jawi namung winates saking atlas. Menawi dipun tingali saking atlas, wiwit Jawi sisih kilen dumugi Jawi sisih wetan, pulo Jawi kakupeng dening pareden ingkang manekawarni wujud saha ukuranipun.
Ngangsu kawruh babagan pareden sajatosipun boten namung winates nyinaoni saking kawruh geografi utawi maos atlas, ananging saged ugi lumantar naskah-naskah kina ingkang sumimpen wonten kapustakan-kapustakan.
Serat Centhini, salah satunggaling tuladha naskah Jawi ingkang nyariyosaken babagan pareden-pareden ing pulo Jawi. Trep sanget manawi Serat Centhini ugi kawastanan minangka naskah atlas.
Mirid saking ukara ingkang kaserat wonten pupuh kawitan Sinom, pada 1, ingkang ungelipun mangun reh cariteng dangu / sanggyaning kawruh Jawa / ingimpun tinrap kakawin, cetha sanget bilih Serat Centhini ingkang kawentar rikala abad 18 punika dados ensiklopedhinipun tiyang Jawi.
Wosing Serat Centhini pepak sanget, boten namung ngewrat babagan seni saha budaya Jawi, ananging ugi magepokan kaliyan geografis laladan pulo Jawi, kadosta kahanan pareden-pareden ing pulo Jawi.
Kirang langkung wonten satunggal-atusan nama pareden ingkang dipun cariyosaken ing Serat Centhini. Lumantar Rangga Sutrasna sakanca, KGPAA Amengkunagara III utawi Pakubuwana V dhawuh supados nyerat nama-nama pareden satunggal mbaka satunggal ing pulo Jawi saha kahananipun ing sakiwa tengenipun.
Kanthi migunakaken lelewaning basa ingkang nengsemaken saha lumantar cariyos lelampahanipun para paraga ing Serat Centhini, kadosta Mas Cebolang tuwin Seh Amongraga, Rangga Sutrasna nyariyosaken kanthi gamblang nama-nama pareden ing pulo Jawi tuwin kahanan sakiwa tengenipun.
Saben-saben paraga kekalih kalawau nglangkungi utawi ngaso wonten sukuning ardi, boten kesupen Rangga Sutrasna sakanca tansah nyerat nama saha kawontenan sakiwa tengenipun pareden kalawau.
Nama-nama pareden ingkang dipun langkungi dening Mas Cebolang, kadosta: redi Lawet, redi Kemawi, redi Ciwiring, redi Sundara, redi Sumbing, redi Jambu, redi Merapi, redi Tidhar, redi Semeru, lan sapiturutipun.
Wondene redi ingkang dipun langkungi dening Seh Amongraga, kados ta: redi Maja, redi Gora, redi Gendhing, redi Bunagin, redi Renteng, lan sapiturutipun.
Rerengganing wukir ingkang langkung asri, kanthi talaganipun saha lepen ingkang toyanipun wening dhawah saking sukuning wukir, kaandharaken kanthi basa ingkang dakik-dakik.
Sesekaran, kekayon, tuwin buron wana mawarni-warni ingkang muwuhi kaendahaning wukir ugi kajlentrehaken.Kawontenan alam pareden-pareden ingkang kawrat wonten Serat Centhini kalawau, manawi kajumbuhaken kaliyan kahananipun pulo Jawi ing samangke, kathah sanget ewah-ewahanipun.
Kahanan pareden ingkang suwaunipun sinawang katingal asri kathah kekayonipun, ing samangke kathah taru-tarunipun ingkang sampun sami dipun tegor dening manungsa. Toya talaga ingkang suwaunipun agung saha wening, ing samangke sampun kacampur sesukering tiyang utawi kewan. Tuking toya saking wukir ingkang ngili dhateng lepen-lepen, ing samangke sampun kacampur dening limbah-limbah pabrik. Pasabinan-pasabinan sampun telas dening madegipun perumahan-perumahan ingkang tanpa wates.
Manawi ningali kawontenan ingkang kados makaten, unen-unen gemah ripah loh jinawi, toya wening langkung kathah, karta raharja, tulus kang sarwa tinandur, murah kang sarwa tinuku ingkang suwaunipun kasandhang nagari Indonesia jamakipun saha pulo Jawi mliginipun, dangu-dangu sangsaya boten saged kagayuh malih. Punapa-punapa sarwi awis lan kedah dugekaken saking manca nagari, tanpa wontenipun greget budidaya kangge ngasilaken piyambak.
Adhedhasar cariyos Serat Centhini babagan kawontenan pareden-pareden ing pulo Jawi kalawau, saged kapendhet dudutanipun utawi paedahipun ing antawisipun (1) minangka kaca benggala kangge jaman samangke bilih kahanan pulo Jawi nalika samanten loh jinawi; (2) pangripta badhe nedahaken bilih Pangeran punika Maha Agung, awit sampun akarya jagad ingkang arupi kaendahan pareden-pareden saha saisinipun; (3) kanthi gegambaranipun kaendahan pareden-pareden saged dadosaken paedah tumrapipun pariwisata kitha-kitha tartamtu ingkang suwaunipun dereng kaambah utawi dereng dipun mangertosi.
(Kawedalaken dening SOLOPOS, Rubrik Jagad Jawa, Kemis Kliwon, 13 Sawal 1948 Jawi utawi Kemis Kliwon, 30 Juli 2015 Masehi).
Dening: Adi Deswijaya
Petang, tumrapipun tiyang Jawi ageng sanget paedahipun kangge gesang ing alam donya. Nalika nindakaken samukawis padamelan, tiyang Jawi boten badhe uwal saking ingkang dipun wastani kawruh petang.
Petang utawi petangan piyambak anggadhahi ancas supados nalika tiyang nindakaken sarupining padamelan kedah linambaran raos pangatos-atos ingkang tundhonipun saged nuwuhaken kawilujengan wonten ing panggesangan.
Petang wonten salebeting budaya Jawi, tuladhanipun kados ta: petang jejodhoan, petang dinten ningkah, petang pindhah saha madegaken griya, petang mbangun ningkah, petang madegaken usaha, petang tetanen, lan sapiturutipun.
Saperangan ageng, ngelmu petang kalawau kapendhet saking neptuning dinten saha pasaranipun, ingkang awujud angka. Kajawi kapendhet saking neptu dinten saha pasaranipun, wonten ugi ingkang kapendhet saking wewatekanipun tiyang saha kahananing ngalam.
Gegandhengan kathahipun kawruh petang wonten budaya Jawi, petangan-petangan kalawau kaserat dening para pujangga utawi jamhur duk ing kina, ingkang salajengipun kawujudaken buku utawi pustaka, kados ta: primbon betal jemur adam makna, serat katuranggan, serat pawukon, serat pranata mangsa, serat palintangan, lan sapiturutipun.
Pawukon
Pawukon, minangka salah satunggaling tuladha wujud kabudayan Jawi ingkang dipun anggit para leluhur duk ing kina, dumugi samangke taksih dipun ugemi saha dipun pitados dening saperanganing tiyang Jawi.
Pawukon, miturut Serat Bausastra anggitanipun W.J.S. Poerwadarminta anggadhahi teges petangan babagan wuku punapadene katrangan ngangsaripun tumrap begja cilakanipun tiyang utawi wewatakanipun tiyang. Wuku punika cacahipun wonten 30, ingkang saben satunggal minggu gantos, kaetang wiwit dinten Akad dumugi Setu. Saben dinten Akad gantos wuku.
Miturut Serat Pustaka Raja Purwa Jilid 2, anggitanipun Raden Ngabehi Ranggawarsita, mama-namaning wuku satunggal mbaka satunggal punika kapendhet saking nama-namaning putra Resi Wrahaspati ingkang cacahipun wonten 26.
Ing antawisipun: Kurantil, Tolu, Gumbreg, Warigalit, Warigagung, Julungwangi, Sungsang, Galungan, Kuningan, Langkir, Mandhasiya, Julungpujud, Pahang, Kuruwelut, Mrakeh, Tambir, Madhangkungan, Maktal, Wuye, Manail, Prangbakat, Bala, Wugu, Wayang, Kulawu, saha Dhukut.
Wondene ingkang njangkepi 4, inggih punika Sinta, Landep, Wukir, lan Watugunung. Dewi Sinta lan Dewi Landep garwanipun Resi Wrahaspati. Watugunung miyos saking Dewi Sinta, wondene Wukir miyos saking Dewi Landep.
Ngrembag babagan pawukon sanesipun, Serat Centhini yasanipun Sinuhun Pakubuwana V, wedalan Kamajaya ugi sampun anjlentrehaken wonten salebeting jilid I, III, VI, saha VIII.
Salebeting sekawan jilid punika ngandharaken prakawis awon saening dinten miturut wuku satunggal mbaka satunggal, ingkang antawisipun kangge kapreluan mbeburu, kekesahan, suwita, usada waluya njampeni sakit, pados wanodya, ndamel sumur supados toyanipun agung, ngupados sandhang bukti, lan sapiturutipun.
Menawi nitik saking wujudipun, pawukon kalebet gegambaraning wewatekanipun manungsa wonten salebeting 30 wuku ing nginggil, ingkang kapendhet saking wewatekanipun dewa, sato (peksi, mina, macan, uler), tetuwuhan (ron, winih, kajeng), sela, anasir bumi (toya, geni), planet (bumi, srengenge, wulan).
Kajawi wewatekan, wonten salebeting pawukon ugi ngandharaken bilai saha panulaking bilai. Wasi Wregasana nalika mangsuli pitakenanipun Jamal Jamil wonten salebeting Serat Centhini Jilid VIII, ngandikakaken bilih ancasipun kadamel wuku inggih punika kangge kawaspadaning ngaurip, awon saha saenipun.
Tumrapipun tiyang ingkang taksih pitados babagan petangan, pawukon dumugi samangke taksih dipun uri-uri saha dipun ugemi dening saperangan tiyang Jawi minangka lelambaraning ngagesang.
Emanipun, mligi tiyang Jawi, taksih kathah ingkang dereng sumerep babagan pawukon. Pawukon namung saged kapanggihaken kanthi maos wonten buku utawi kalender ingkang mligi wonten katranganipun babagan wuku.
(Kawedalaken dening SOLOPOS, Rubrik Jagad Jawa, Kemis Pon, 19 Jumadilakir 1948 Jawi utawi Kemis Pon, 9 April 2015).